Manungsu kuwi dititah podho, nanging yen masalah bondo dijatah bedo.

Mulo menungso iku wajibe mung upoyo karo ndungo.

Entuk rejeki sepiro atine sing nrimo, ora usah meri karo konco.

Sak podho-podho akeh wong setres mergo uripe ora beres.

Rino wengi mung mburu dunyo, njur lali karo Agomo.

Ojo podho ngresulo, mundhak gelis tuo.

Wong yen nrimo uripe dowo, wong suloyo uripe rekoso.

Wong sing sabar rejekine bakal jembar.

Wong yen ngalah uripe bakal barokah.

Sopo sing jujur uripe bakal makmur.

Sopo sing tlaten tembe mburi bakal panen.

Wong sing sombong amale bakal kobong.

Zamane wis zaman tuo, akeh menungso wis angel ditoto tuntunane Agomo.

Senengane malah padho gawe duso sabendino ora kroso.

Sithik-sithik ora ketoro, suwe-suwe dadi cetho.

Koyo wong tumindak duso dilakoni sabendino, duso kadang-kadang ora kroso.

Mergo pancen wis kulino, sing podho ati-ati lan waspodo.

Menowo siro ngobrol karo konco, ngrasani tonggo ngujah alane wong liyo.

Kadang ra rumongso awake gawe duso.

Ayo mumpung durung telat, enggal-enggal podho tobat.

Timbang ning akhirat siro mbesok nompo adzab.

Mung duso sepele kang ora dirasakke, nanging gedhe akibate marang awake dewe.

Mumpung isih urip ngibadaho kanti tertib.

Ngelingono yen wis mati ora bakal iso bali.

Mumpung isih waras ngibadaho kanti ikhlas.

Mumpung isih longgar ngibadaho kanti sabar.

Ngelingono yen wis loro ora biso opo-opo.

Ngelingono yen wis repot ibadah rasane abot.

 

Pungkasane Sopo Lan Opo Wae Awake Dewe OJO DUMEH

 

By : AF

Bagaimana reaksi anda mengenai artikel ini ?